Pengantin Lokal Tradisional Jawa Tengah
UPACAWIS MANTU GAGRAG SURAKARTA ( jawa Tengah / tanah jawa ) HINGKANG KAWASTANAN MANTU MITURUT PANGANDIKAIPUN PARA PINISEPUH MANTU MEKATEN SATUNGGALING JEJIBAHAN ( TUGAS / KEWAJIBAN ) HINGKANG ASIPAT SESANGGEMAN ING NGATASIPUN TIYANG SEPUH HANGIMAH NGIMAHAKEN LARE ( ANAK ) WONDENE LARE HINGKANG KAATURAKEN PUNIKA SAGEDJEJER JALER PUNAPA DENE ESTRI. Ngrembag babagan ( tentang ) mantu hingkang ugi ateges gadhah damel mantu kalimrahing bebrayan ( Masyarakat ) Surakarta jawi madya 1. Congkok ( utusan ) Congkok punika ateges lantaran hingkang pinangkane saking jejer jaler. Congkok menika salajengipun dados lantaran badhe dumugining kalamangsa mantu jaler lan estri. 2. Salar Salar inggih menika mlampahipuncongkok hingkang kapatah ndumugekaken pikajengipun hingkang matah dhumateng tiyang sepuh manten putri 3. Hanontoni Hanontoni yaiku mertamunipun hingkang badhe mundhut mantu kaliyan lare jaler hingkang badhe kamantokaken. Temanten putri jej...