Pengantin Lokal Tradisional Jawa Tengah

 UPACAWIS MANTU GAGRAG SURAKARTA ( jawa Tengah / tanah jawa ) 



HINGKANG KAWASTANAN MANTU MITURUT PANGANDIKAIPUN PARA PINISEPUH MANTU MEKATEN SATUNGGALING JEJIBAHAN ( TUGAS / KEWAJIBAN ) HINGKANG ASIPAT SESANGGEMAN ING NGATASIPUN TIYANG SEPUH HANGIMAH NGIMAHAKEN LARE ( ANAK ) WONDENE LARE HINGKANG KAATURAKEN PUNIKA SAGEDJEJER JALER PUNAPA DENE ESTRI. 


Ngrembag babagan ( tentang ) mantu hingkang ugi ateges gadhah damel mantu kalimrahing bebrayan 

( Masyarakat ) Surakarta jawi madya 


1. Congkok ( utusan ) 

Congkok punika ateges lantaran hingkang pinangkane saking  jejer jaler. Congkok menika salajengipun dados lantaran badhe dumugining kalamangsa mantu jaler lan estri.



2. Salar

Salar inggih menika mlampahipuncongkok hingkang kapatah ndumugekaken pikajengipun hingkang matah dhumateng tiyang sepuh manten putri



3. Hanontoni 

Hanontoni yaiku mertamunipun hingkang badhe mundhut mantu kaliyan lare jaler hingkang badhe kamantokaken. Temanten putri jejibahanipun ngladosaken unjukan punika dhumanteng para dayoh



4. Nglamar

Nglamar  yaiku nglajengaken pirembangan ing sabibaripun hanontoni hingkang panglamaripun katujokaken dhateng jejer tiyang sepuhipun lare estri



5. Peningset 

Peningset yaiku kaya dene tetukon. Liripun sarana hingkang awujud barang pratandha kayektosaning pirembangan badhe imah imahipun lare jaler kaliyan lare estri 



6. Liron kalpika 

Liron kalpika  yaiku ijol alia li. Liron kalpika ateges pratandha resmining papacangan tumrah lare jaler kalawan estri hingkang badhe bebojoan

Lajeng menawi sampun nglampahi tataran lamaran ing inggil banjur tempuking damel hingkang adicaranipun inggih menika :




1. Kumbokarnan 

Inggih menika makempalipun para sesepuh pinisepuh , mitra/ rencang , kalawan nem neman sawatawis hingkang dipunaturi rawuh dening pamangku gathi ( tuan rumah ) 



2. Jonggolan

Pepriksan saking kantor urusan agama tumrap calon temanten jaler punapa dene estri



3. Tarub

Yaiku gugur gunung ( gotong royong ) saking para kawula ( warga / rakyat )kangge pasang kajang 



4. Pasang tuwuhan 

Yaiku miwah ngrakit pasren pahargyan inggih punika mranata lan ngreka murih asrining griya hingkang kangge gadhah dame mawi pirantos yaiku tetuwuhan lan ron ronan



5. Sasrahan

Yaiku wujuding barang barang saking tiyang sepuhipun calon temanten jaler hingkang salajengipun barang kalawau kacaosaken dhateng calon besan



6. Siraman 

Yaiku adusing calon temanten jaler lan estri. Tata cara babagan ( tentang ) siraman temanten estri punika salugunipun sami kaliyan temanten jaler. Wiwit saking temanten estri dipunlajengaken temanten jaler 



7. Paes

Yaiku predandanipun temanten estri hingkang predandanipun boten naming ngagem busana temanten ananging mawi dipuncorek pasuryanipun supados saya ketingal ing sulistyanipun



8. Midodareni

Yaiku wekdal sedalu badhe dumugining damel utawi pawiwahan pahargyan



9. Nyantri

Yaiku sowannipun calon temanten jaler ing griyanipun calon marasepuh. Prosesi puniki ana ing sajroning midodareni



10. Nebus kembar mayang 

11. Panggih

Yaiku adicara saking pinten pinten adicara inggih menika 



o Pasrah panampi

o Balang suruh

o Ngidhak endhog




BAUSASTRA ALIT ( KAMUS ) WIGATI ( PENTING ) 


1. BRAYAT ( SADULUR )

2. JEJIBAHAN ( TUGAS / KEWAJIBAN )

3. LUPUT ( KELIRU)

4. NGAPURANCANG ( ASTANE DITANGKEBAKE )

5. ONJO ( UNGGUL )

6. PRIGEL ( TRAMPIL / CUKAT ) 

7. RAHARJA ( RAHAYU ) 

8. RAKET ( CEDAK BANGET )

9. RERONCEN ( CENGKORONGAN )

10. SAMADYA ( SEDHENGAN )

11. SINEDHAHAN ( DI ULEMI )

12. SOLAH BAWA ( PRATINGKAH / TANDHANG TANDHUK

13. TATAG ( NORA SUMELANG )

14. TLATAH ( WEWENGKON ) 

15. NATAS ( MUPUT )

16. RON ( GODHONG )

17. SARIMBIT ( PASANGAN )KADANG ( SEDULUR )

18. TUNDHUNG ( MINGGAT SAKA GRIYA )

19. DHAUP ( RABI )

20. KINGKIN ( KANGEN ) 

21. LAYON ( ALUM ) 

22. SARKARA ( GENDHIS JAWI )

23. WINDU ( REMEN/ DEMEN/SENENG )

24. WENI ( RIKMA / RAMBUT GELUNGAN)




INGSUN TRESNA SIRA TUMEKAN ING PATI KANGMAS ( NABI MUHAMMAD SAW ) 😘

Postingan populer dari blog ini

Tembang Dhandhanggula Kagem Siraman

Lirik Dan Makna Kidung Cublak Cublak Suweng Jawa Tengah

MENGHUJAT DAN MEFITNAH SUKU JAWA TRENDING DI APLIKASI FACEBOOK