Tembang Dhandhanggula Kagem Siraman

 MICARA BABAGAN ( TENTANG ) ADAT ISTIADAT PENGANTIN LOKAL JAWA TENGAH ( SUKU JAWA )



Ana ing adat tradisi suku jawa ( JAWA TENGAH / PRATALA JAWI / JAWI MADYA ) mligine jroning rerangken tatacara mantenan  diwanuhi anane upacawis siraman. Upacawis siraman yaiku sawijining upacawis hingkang dipuntindakake kanggo mbukak rerangken adicara mantenan yaiku kanthi ngedusi calon temanten putra kalawan temanten putri. Upacawis puniki lumrahe sedina sadurunge upacawis panggih dipuntindake.


Sekar utawi tembang macapat dhandhangula puniku minangka donga , panyuwun , pangarep arep , uga wejangan kangggo temanten putra lan temanten putri. 


Sekar utawi tembang macapat dhandhangula siraman dumadi saka 7 pada ( bait ).

 Cacahing beboreh ( lulur) hingkan ing nalika siraman siji lan sijine bedem miturut werna . dene werna beboreh yaiku rekta ( abang), wiring ( langking) , jenar ( kuning), maya ( biru), wungu , seta ( putih),kalawan wilis ( ijem / ijo).

SEKAR TEMBANG MACAPAT DHANDHANGULA SIRAMAN



PADA ( BAIT) SETUNGGAL


GYA SINIRAM HANGGANYA SANG PUTRI 

TIRTA WENING HINGKANG AMAWA CAHYA

BEBOREH ( LULUR ) REKTA WARNANE 

GINOSOK HANGGANIPUN

SINARENGAN MANTRA HINGKANG MIJIL

LARUT MEMALANIRA

NGALELA DINULU 

WATAK SETYA TINARBUKA 

TANGGUH TANGGON TEGUH TUMANGGAPING KARDI

SANTOSA BUDINIRA

 

PADA ( BAIT ) KALIH 


SUMAMBURAT CAHYANYA NELAHI 

NGEGLA CETHA KATON ANGALELA

DATAN SISIP PAMAWASE

LANGKING BEBOREHIPUN

PUJI HARJA MIJIL PANGESTHI

PRAWIRA WATAKIRA

LUHUR BUDINIPUN

TUHU TRESNA MRING SASAMA

LULUH LULUS LILA LEGAWA DATAN LALI

KALIS ING SAMBIKALA



PADA ( BAIT ) TIGA 


ANGENGUWUNG MALENGKUNG KAEKSI

GILAR GILAR SUMUNAR ING WARNA

MANCORONG JENAR URUBE

WARNA JENAR PUNIKU

WATAK SRANTI ( SABAR) HINGKANG PINANGGIH

UTAWI LAN NARIMA 

WASPADENG PANDULU

MARDU MARDAWA MICARA

MANUHARA TATA, TITI, TATAS, TITIS

DADYA TEPA TULADHA


PADA ( BAIT) SEKAWAN


KATON PADHANG SUMILAKING WARNI

SURYA, CANDRA, DARU ,LAN KARTIKA

DADYA SAJUGA SOROTE

BEBOREH WARNA MAYA ( BIRU)

SETYA TUHU AJRIH LAN ASIH

TRESNA MARANG SUDARMA

BEKTI WATAKIPUN

TRAP SUSILA ANURAGA

DATAN SISIP NGGENIRA MANEMBAH GUSTI 

BAGYA MULYA SINEDYA


PADA ( BAIT) GANGSAL


GANDA ARUM HINGKANG ANGEBEKTI

WARNA WARNA WARNI ING HINGKANG SEKAR

KATINGAL WENING TIRTANE

WUNGU BEBOREHEIPUN

MENGKU WERDI HINGKANG SEJATI

LEGA LILA ING NALA

LEGAWA WATAKIPUN

WAHYU MULYA HINGKANG SINEDYA

BAGUS ALUS TULUS MIYOS TRUSING BATOS

MULYA TEKENG DELAHAN



PADA ( BAB) ENEM 


WERDI AGUNG PRALAMBANG ING URIP 

AMANCURAT CAHYA HINGKANG KATINGAL

WARNA SETA ( PUTIH) BEBOREHE

LANGGENG NGGENNYA AMENGKU 

DATAN WUDHAR DENNYA ANGESTHI

MANEMBAH MAHA NATA

GUSTHI MAHA AGUNG 

NETEPI JEJERING TITAH

AMUNG PASRAH SUMARAH NGARSA HYANG WIDHI 

SANDIKA NGESTU PADA 


PADA ( BAIT ) PITU 


PARIPURNA NGGENIRA SESUCI

SIRAM JAMAN RERESIK SARIRA

HINGKANG MINANGKA PUNGKASANE

WILIS BEBOREHIPUN 

WICAKSANA WATAK ING JALMI

KEBLAT PANEMBAHIRA

PANA ING PANDULU

CINAKETAN MRING HYANG SUKSMA

LEKASIRA PANTES TINULAD SASAMI

PURWA MADYA WASANA




#SEMARANGJAWIMADYA ( SEMARANG JAWI MADYA )

#JOGLOTIKELAN ( JOGLO TIKELAN )


Postingan populer dari blog ini

Lirik Dan Makna Kidung Cublak Cublak Suweng Jawa Tengah

MENGHUJAT DAN MEFITNAH SUKU JAWA TRENDING DI APLIKASI FACEBOOK