Tembang Dhandhanggula Kagem Siraman
MICARA BABAGAN ( TENTANG ) ADAT ISTIADAT PENGANTIN LOKAL JAWA TENGAH ( SUKU JAWA ) Ana ing adat tradisi suku jawa ( JAWA TENGAH / PRATALA JAWI / JAWI MADYA ) mligine jroning rerangken tatacara mantenan diwanuhi anane upacawis siraman. Upacawis siraman yaiku sawijining upacawis hingkang dipuntindakake kanggo mbukak rerangken adicara mantenan yaiku kanthi ngedusi calon temanten putra kalawan temanten putri. Upacawis puniki lumrahe sedina sadurunge upacawis panggih dipuntindake. Sekar utawi tembang macapat dhandhangula puniku minangka donga , panyuwun , pangarep arep , uga wejangan kangggo temanten putra lan temanten putri. Sekar utawi tembang macapat dhandhangula siraman dumadi saka 7 pada ( bait ). Cacahing beboreh ( lulur) hingkan ing nalika siraman siji lan sijine bedem miturut werna . dene werna beboreh yaiku rekta ( abang), wiring ( langking) , jenar ( kuning), maya ( biru), wungu , seta ( putih),kalawan wilis ( ijem / ijo). SEKAR TEMBANG MACAPAT DHANDHANGULA ...




